KEMBANG TURI


(I Para Raja 17:1-6)

Wulan Desember 2018 kula nanem wiji turi ing pekarangan wingking griya. Awit wontenipun jawah minangka berkahipun Gusti Allah, wiji turi punika tukul, gesang ngrembaka lan ngedalaken awoh. Ananging saderengipun dados woh, sekar utawi kembangipun saged kadadosaken sayur. Dipun oseng punika eco, ugi saged dipun dadosaken gudhangan utawi urap. Saben tigang dinten sepisan kembang turi punika kula panen lan kula masak. Kedadosan punika ngantos sawetawis wulan. Sanajan punika kadadosan ingkang limrah, ananging kula saged ngraosaken wujud pangrimatipun Gusti.

Nalika jamanipun raja Akhab, Gusti Allah mboten ndawahaken jawah nganthos tigang tahun setengah laminipun. Prekawis menika ndamel sedaya tlatah Israel ketelasan toya lan ndatengaken pailan ingkang panjang. Gusti Allah paring dhawuh dhumateng nabi Elia supados manggen wonten ing pinggiring kali Kerit, ingkang taksih wonten toyanipun sanajan namung sekedhik. Paling mboten saged kangge kabetahan sanajan namung sawetawis. Kangge tedhanipun nabi Elia dipun kintun roti lan daging saben enjing lan sonten dening peksi gagak ingkang dipun dhawuhi Gusti Allah, kapurih ngintun nabi Elia. Kedadosan menika kelampahan ngantos sawetawis dangu laminipun, inggih ngantos toya kali Kerit menika asat. Lan sasampunipun kali Kerit asat, Gusti Allah paring dhawuh dhumateng nabi Elia manggen wonten Sarfat ingkang kalebu tlatah Sidon, lan dipun rimati Gusti Allah lumantar randha Sarfat.

Pangrimatipun Gusti Allah dhumateng umatipun tan nate kendhat lan saged kanthi sarana menapa kemawon. Minangka umat, kita kedah mituhu sedaya dhawuhipun Gusti Allah. Setya ngibadah lan ndedonga ing saben wayah. Ngutameaken Gusti lan mboten sumelang ing bab pagesangan. Pitados bilih Gusti tansah ngrimati sedaya kagunganipun, sanajan namung oseng kembang turi, menika kedah dipun syukuri. Amin.

(Pdt. Suratman, M.Th.)