IMAN LAN PAKARTI

MENAWI wonten tiyang ingkang nggadhahi pakarti sae dhumateng sesami manungsa, nanging boten pitados dhumateng Gusti Allah, saged kawastanan tiyang punika namung humanis sekuler. Menawi nggadhahi iman, sregep ing pangibadah, ananging ing cak-cakakipun gesang, pakartinipun cengkah kaliyan imanipun saged winastan munafik. Ingkang pungkasan punika asring dipun-ketingalaken dening tiyang Farisi, ing gesang padintenanipun. Tiyang-tiyang Farisi sregep saba ing padaleman suci, ngangge rasukan agamis, nanging boten gadhah manah sih-katresnan, boten ambek paramarta. Pramila tiyang-tiyang wau asring dipun-saruwe dening Gusti Yesus Kristus. Sejatosipun iman lan pakarti kadosdene kalih perangan arta, ingkang boten saged dipunpisahaken satunggal lan sanesipun.

Rasul Yakobus mengedikaaken: “He para sadulurku, paedahe apa, manawa ana wong ngaku nduweni pracaya, mangka ora ana panggawene?” (Yakobus 2:14). Ing pangandika punika Paklik Yakobus boten nembe memucal bab pakarti ingkang ndhatengaken kawilujengan. Muridipun Gusti Yesus punika paring pemut dhumateng saben tiyang pitados, bilih iman ingkang sejatos jumbuh kaliyan pakarti nyata ingkang dipunlampahi ing gesang padintenan. Kapitadosan kinanthenan pakarti sae ingkang selaras kaliyan kapitadosanipun. Dene pakarti sae punika minangka wujuding panuwun dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring kanugrahan kawilujengan.

Iman ingkang sejatos dhumateng Sang Kristus punika tiyang Kristen ingkang tansah ngetingalaken lan nengenaken lampah gesang miturut pangrehipun Sang Kristus. Ing gesangipun ketingal wohing pamratobat ingkang saged ndhatengaken kasaenan lan tentrem rahayu tumrap sadaya tiyang ing sakiwa tengenipun. “Dadine wit kang becik metokake woh becik, wit kang geringen wohe iya ora apik.” (Mateus 7:17). Iman dhumateng Sang Kristus linambaran pakarti ingkang ngetingalaken nilai-nilai Injili ing gesangipun. Iman ingkang sejatos badhe mbabar pakarti ingkang saged sinudarsana tumrap tiyang kathah. (Iskandar MZ)