GENTER DELING
(II Timotius 3:16-17)
Ing wewengkon kawula saperangan tiyang nyambut damelipun mocok mbedol telo. Pramila kathah ingkang ngingah menda jenis mandras, minangka samben utawi tambahan penghasilan. Awit rikala wangsul saking papan panyambut damel, tiyang-tiyang kalawau mbekta ron telo minangka pakan kangge menda-mendanipun. Malah kepara mendetipun kathah sanget kangge canden ing dinten-dinten candhakipun. Ananging rikala mboten nyambut damel sawetawis dangu mboten saged mbekta ron telo, tiyang-tiyang kalawau mendet ron sengon lan ron-ron sanesipun kangge nyekapi pakan menda-mendanipun. Piranti kangge mendet ron kalawau kasebat genter. Genter kadamel saking wit deling. Mboten sedaya deling menika kawontenanipun lurus, pramila kangge ndamel lurusipun deling punika kedah dipun tumpuki selo sawetawis dangu ngantos saged lurus, nembe kadamel genter.
Rasul Paulus ngemut kawontenanipun Timotius ingkang wiwit alit sampun sinau Kitab Suci saking ibunipun ingkang nami Eunike. Lan ibu Eunike sinau Kitab Suci saking ibunipun ingkang nami Lois. Tegesipun, Kitab Suci menika ingkang dados tuntunan gesang murih pikantuk margining kaleresan, inggih kawilujengan wonten ing Gusti Yesus. Kitab Suci migunani kangge memulang, kangge melèhaké kaluputan, kangge mbangun kelakuan tuwin kangge nggulawenthah tiyang salebeting kayektèn. Timotius kapitadosanipun tumuwuh lan prigel anggenipun lelados, mboten uwal saking semangatipun Paulus, simbah Lois lan ibu Eunike, ugi awit tegen anggenipun sinau Kitab Suci. Piyambakipun mangertos pundi ingkang dados kersanipun Gusti lan mboten. Kitab Suci ngemot pranatan-pranatan gesang ingkang kedah dipun lampahi dening para umatipun.
Wonten tetembungan: “watuk isa waras, yen watak ora isa waras.” Ing salebeting katresnanipun Gusti Yesus, watak mboten sae kados pundi kemawon saged karibah dados sae, lumantar sinau lan ngugemi pangadikaning Gusti wonten ing Kitab Suci. Deling kemawon saged dados lurus, napa malih kita kagunganipun Gusti, tamtu saged. Gusti mberkahi. Amin.
(Pdt. Suratman, M.Th.)
